Kamis, 25 September 2014

contoh menjadi MC atau pembwa acara



Setiap event yang berhubungan dengan nuansa ilsami di daerah-daerah kerap kali menggunakan olah vokal mc dengan bahasa jawa. Namun demikian, terkadang kesulitan dalam merumuskan kata-kata, sehingga saya berniat untuk membagikan sedikit pengalaman yang saya miliki ini. Mungkin belum sempurna, tetapi semoga bermanfaat y. Amiin.
Contoh Teks MC peringatan hari besar Islam:

Assalamu’alaikum wr. wb.
الحمد لله رب العالمين- وبه نستعين على امورالدنياوالدين – والصلاةوالسلام على سيدناومولنامحمد- وعلى اله وصحبه اجمعين- ولاحول ولاقوةالابالله العلى العظيم- امابعد
-ingkang kinurmatan al mukharom Bopo K.H Iskandar S.Ag, M.SI saking latah Salatiga ingkang tansah kito antu antu mauidhoh khasanahipun.
-ingkang kawulo hormati Bopo Kepala Dusun Tarukan
-ingkang kawulo hormati Bopo Ketua Takmir Masjid Baiturrahman Tarukan
-ingkang kawulo hormati poro alim soho poro ulama’ ingkang tansah kito to’ati fatwanipun
-ingkang kawulo hormati poro pini sepuh soho aji sepuh
-ingkang kawulo hormati bapak-bapak, ibu-ibu soho adik- adik Hadirin rohimakumullah
langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing siang puniko kito saget makempal wonten ing Masjid Baiturrahman mriki kangge mengeti pengaosan Halal bi halal soho pengetan Kemerdekaan RI ingkang kaping 68, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.
Sholawat soho salam mugi-mugi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.
Wonten mriki kawulo kajibah minongko pranoto adicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten ing siang puniko.
Adicoro kaping sepindah inggih meniko : Pambuko
Adicoro kaping kalih inggih meniko : Waosan tahlil 
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan 
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : istirahat soho hiburan 
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : waosan ayat-ayat suci Alqur’an 
Adicoro kaping enem inggih meniko : inti pengaosan kelajengaken do’a
Adicoro kaping pitu inggih meniko : penutup soho musyafakhah.
Adicoro kaping sepindah inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing siang puniko kito bikak kanthi waosan ummul Qitab sesarengan.... al-Fatihah.
Adicoro kaping kaleh inggih puniko wosan tahlil ingkang bande dipun pimpin dining Bopo Ustadz  Nur Khamim, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro engkang kaping tigo inggih puniko sambutan-sambutan: 
·     Sambutan ingkang kaping sepindah saking Kepala Dusun Tarukan, dumateng panjenenganipun Bopo Kasirin wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
·     Sambutan ingkang kaping kalih saking Takmir Masjid Baiturrahman, dumateng panjenenganipun Bopo Arif Mukhlasin wedal soho panggenan kulo sumanggaaken
Adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko istirahat soho hiburan sangking grub robana Haida Al-Rahmah 
Adicoro kaping gangsal inggih puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining ibu Umi Khoiriyah, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken. 
Tumuju titiwancinipun adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko inti pengaosan ingkang kalajengaken do’a. Dumateng al mukharom Bopo KH. Iskandar wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken. 
Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup ingkang kalajengaken musyafakhah, monggo acoro pengaosan wonten ing siang puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah soho do’a kifarotul majlis. Kulo dereaken... 
Mekaten saking kawulo, sakderengipun musyafakhah dipun wiwiti, kulo minangkani pranoto adicoro menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar